Maret 2023

    Nabang Bocah Sing Kendel Nunggang Iwak Paus

    Bagean 1

    Crito Seko Aceh, diceritake dening Okie Noor

    Diterjemahake dening Riyanti 

    Ing Andalas, ana kraton kang dipimpin dening Sultan Alam. Ing sawijining dina, Sultan Alam katekan Raja Si Melulu seko Pulau Penyu. Raja Si Meulu nglaporake menawa Naga Smong nyerang Pulau Penyu lan nuwuhake korban  akeh.

    "Awake dewe bantu apa kanggo nulung kraton Penyu lan wargane?," pitakone Sultan Alam marang para panglima.

    Pangeran saka Barus jawab," Ana bocah jenenge Nabang kang iso nunggang iwak paus. Bocah lanang iku salah sawijine putra-putrine laksamana Ing negara Barus. Bocah Iki wis keliling kabeh samodra kanggo goleki bapake kang ilang. Uripe pindah-pindah. Menawa kaprungu swara suling sing nrenyuhake ati, iku tandane bocah Ono ing wewengkon kono.

    Sultan Alam jaluk tulung kancane, si Elang Raja kanggo nggoleki Nabang. Sesuke Nabang, ngadep Sultan Alam.

    Sultan Alam banjur nyritakake babagan prastawa ing pulau Penyu. Nabang ngrungoake kanthi tenanan.

    "Kanjeng Prabu, punapa ingkang saged kawulo pambiyantu", pitakone Nabang sakuwise Sultan Alam unjal ambegan.

    "Aku nyiapke kapal Gedhe, kanthi komplit senjata lan prajurit", mangkono pangandikane Sultan Alam. Aku uga ngangkat Kowe dadi laksmana laut ing Kasultanan Alam Iki.

    Sumber : Dongeng 100 Kota, Suprapti & Temu Penulis Yogyakarta