Kelas 5 : Geguritan
Kangen
Karya : Favian Hukama FadhlanSaben sesawangan
Kang dak temoni
Memba wewayanganmu
Ngeridhu batin
Mula, kudu dak akoni
Ora dak selaki
Pranyata, angel anggone ngilangi
Udan Siang Iki
karya Nur Rachmi Widyastuti
Awan kang biru resik
langsung ganti petheng dhedhet
Petir pating sesautan
Swara manuk ilang, swara pitik ilang
Sepi . . . sepi . . . sepi tenan
Njur tak sawang njaba jendela
Udan siang iki nggawe awal nggigil
Pakaryan
Karya : Azhar Luqman Fadhlullah
Dina Minggu
Aku sakaluarga
Padha saiyeg saeka praya
Nggawa paculekrak lan sapu
Bebarengan lawan para warga
Enom tuwa jaler estri
Kabeh padha kerja bakti
Dalan kebak awu diresiki
Gotong royong saeka kapti
Pakaryan abot bisa purna
Amarga bareng tumandang karya
Ngasilake dalan padhang
Pengaosan Sonten
Karya : Adilista Rizqi Azizi
Wayah sonten
Nalika grimis nelesi
Telatah ngajeng griya
Para undangan sami rawuh
Griya sampun sediya kagem pengaosan
Para tamu sami lenggah teng klasa
Pengaosan diwiwiti
Pak ustadz mimpin panjurung dunga
Sak sampunipun maos dunga
Lajeng aken sumene
Dina Minggu
karya : Faris Robbani
Dina Minggu dina libur
Tangi turu sarapan bubur
Aja lali nek awan sholat Dhuhur
Nonton TV pengajiane ustadz Yusuf Mansyur
Insya Allah dadi wong sing syukur