Mula Bukane Kodok Ing Tlatah Asmat

» » Mula Bukane Kodok Ing Tlatah Asmat


Diceritake maneh dening Eti Dania Tuti diterjemahake dening Riyanti 

Jaman biyen, ing daerah Asmat urip pitu sedulur.  Bocah pitu iku diopeni simbahe sing galak. Simbah putri iku jenenge  Yamsyaot.

Ing sawijining dina, Ker, anak paling gedhe ngajak lima adhine golek iwak nganggo panah cilik.  Anak panahe ngenani iwak gabus sing gede banget. Bocah-bocah iku kaget amarga iwak iku ingon-ingon Mbah Yamsyaot.

Amarga Wedi diukum, bocah-bocah iku arep beteti iwak gabus iku tanpa sak pangertene Mbah Yamsyaot.

Nalika wektu sing ditunggu teka. Simbah Yamsyaot tindak ngiris sagu. Sapungkure, Ker lan adhi-adhine siap-siap nindhake rencanane.

Tanpa sapangerten sedulur-sedulur liyane, 

Taraot, bocah paling ragil ngindhik pegaweane bocah-bocah iku. 

Taraot njaluk maem menyang sedulur-sedulur tapi ora diwenehi.

Taraot nesu, banjur mlayu nyusul simbahe. Ora lali deweke jupuki lan nglumpukake eri iwak gabus kang wis dibuwang sedulur-sedulure.

Eri iwak gabus iku didhelikake ana ing rambute sing kethel. Pikire Eri iku mengko  kanggo bukti pokal gawene sedulur-sedulure. 

Taraot wadul menyang Simbahe, menawa deweke ora diwenehi mangan sedulur- sedulure. Krungu kandhane Taraot, Mbah Yamsyaot menehi jenang sagu. Ora tumuli suwe, Taraot ngantuk lan turu ing pangkone simbahe.

Nalika simbahe ngelus-elus rambute astane ketuncep eri iwak gabus sing didhelikake Taraot.

Taraot banjur nyritakake pokal gawene sedulur-sedulure sing mateni lan mangan iwak gabus ingon-ingone Simbahe iku.

Simbah Yamsyaot duka banget. Taraot langsung diuncalake menyang dhuwur wit sagu. Taraot nangis kawedhen, nanging ora dipaelu simbahe. Malahan dheweke dipekso simbahe ngetoake swara, " khar...khar...khar..."

Wiwit kedadean iku,  Taraot malih dadi kodok, lan dadi mula bukane crita anane kodok ing bumi Asmat nganti saiki.


Sumber : Dongeng 100 Kota, Suprapti & Temu Penulis Yogyakarta

Share

You may also like

Tidak ada komentar